Rabu, 15 Oktober 2014

LATIHAN SOAL BAHASA JAWA KELAS 9

Latihan Soal Basa Jawa Kelas IX

Latihan Soal Basa Jawa Kelas IX

1. Sampun kaaturaken ing serat sedhahan wigatosing pahargyan ing siang punika. Tembungsedhahan ing ukara mengku teges....
a. ulangan
b. ulem
c. kitir
d. pengumuman

2. Res, sampun kalampahan rikala dinten Respati Manis 21 April 2008. Dinten Respati
Manis sami kaliyan dinten....
a. Selasa Kliwon
b. Rebo Legi
c. Kemis Legi
d. Jum’at Legi

3. Adhiku lahir selapan dina kepungkur. Selapan dina padha karo .... dina.
a. 7
b. 30
c. 35
d. 40

4. Ukara ing ngisor iki sing ora nggunakake tembung kawi yaiku....
a. Yen kepingin urip mulya kudu gelem cegah dhahar lawan guling
b. Prabu Dasamuka Nata ing Nagara Alengka seneng tumindak angkara.
c. Dupi midhanget ingkang rayi gugur ing rananggana sakala Prabu Dasamuka kantaka
jebabah ing bantala.
d. Minangkani pamundhutipun para kadang kula badhe nyekar sinom nyamat.

5. Bapakmu arep lunga menyang Pekalongan. Ibumu takon marang kowe. Wangsulanmu
sing bener nganggo basa krama ....
a. Bapak ape lunga teng Pekalongan.
b. Bapak wau matur manawi badhe tindhak ing Pekalongan.
c. Bapak mau dhawuh, manawi badhe kesah neng Pekalongan.
d. Bapak wau ngendika manawi badhe tindak dhateng Pekalongan.

6. Putrane Pak Marta sing nomer pitu jenenge Saptana. Tembung pitu basa kawine....
a. nawa
b. hastha
c. panca
d. sapta

7. Manut wacan sedhekah bumi sing ora kalebu tujuane dianakake sedhekah bumi yaiku....
a. nedhahaken kemakmurane desa Sangkanjaya
b. raos syukur dhateng Gusti Allah
c. nggadhahi panyuwun supados Gusti tansah paring kanugrahan dhateng warga dhusun
d. ngleluri dhawuhipun para sepuh lan buaya jawi

8. Tuladhane pala kesimpar yaiku...
a. manggis, kates
b. pisang, nagka, duren
c. gembili, uwi, ganyong
d. waluh, pare, labu

9. Parikan iki terusna.

Pitik walik tanpa lancur....

a. pangkat cilik arang nganggur
b. dingerteni mring wong tuwa
c. pitike di pangan kuwuk
d. dadi murid aja nakal

10. Tuladhane parikan padinan ....
a. nyebar godhong kara, sing sabar sauntara
b. godhong jati godhong nangka, dimangerti mring wong tuwa
c. kelapa sawit wite dhuwur wohe alit, isih murid aja seneng keceh dhuwit
d. kodhoke kalungan kupat, surabaya kaline mati.

11. Bapak H. Warsita tanggap warsa kanthi nanggap wayang. Tanggap warsa wonten ing
ukara punika mengku teges....
a. mantu
b. duwe gawe
c. pesta
d. ulang tahun

12. Bapak H. Warsita sampun yuswa 55 taun. Yuswa tegese....
a. umur
b. putra
c. putu
d. mati

13. Widada dikongkon menyang omahe Pak Lurah. Yen didadekake basa krama alus....
a. Widada didhawuhi menyang daleme Pak Lurah.
b. Widada diaturidhateng griyane Pak Lurah.
c. Widada dipundhawuhi dhateng dalemipun Pak Lurah.
d. Widada dipunaturi dhateng dalemipun Pak Lurah.

14. Aku arep teka menyang omahe Pak Lurah. Yen didadekake basa krama alus sing bener.
a. Kula arep menyang dhateng griyane Pak Lurah.
b. Kula badhe sowan dhateng dalemipun Pak Lurah.
c. Kula badhe dumugi dhateng griyanipun Pak Lurah.
d. Kula badhe tindak dhateng dalemipun Pak Lurah.

15. Adhine Bambang Sumantri yaiku....
a. Raden Sukrasana
b. Prabu Harjuna Sasrabahu
c. Bagawan Suwandhagni
d. Patih Suwanda

Kanggo soal no. 16 – 17 :

Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha
gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame.
Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake
sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus.
Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.

16. Dewi Citrawati asale saka negara ....
a. Magada
b. Maespati
c. Alengka
d. Mantili

17. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas kang
cacahe....
a. rong atus
b. patang atus
c. limang atus
d. wolung atus

18. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti sesanti iku mengku teges....
a. sapa wae sing tumindak kumawani utawa ala bakal mati karo tumindak kang bener lan ngati-ati
b. sapa wae sing alang-alangi bakal disingkerake
c. wong urip kudu gelem metani awake dhewe
d. dadi pemimpin kudu gelem menehi conto sing dipimpin

19. Janur gunung kadingaren kowe mrene. Wangsalan iku kalebu....
a. wangsalan padinan
b. wangsalan edipeni
c. wangsalan lamba
d. wangsalan memet

20. Wangsalan iki batangane apa? Isih esuk kok ngembang poong ngingklik wae arep menyang ngendi? Batangane....
a. poong
b. ingklik
c. uwun
21. Kula minangka talanging atur saking panjenenganipun Bapa Sawaldiyono. Tembung talanging atur tegese ….
a. nerusake lelakon
b. minangka wakil
c. nerusake rembugan
d. nerusake laku

22. Ing tanggap wacana pasrah penganten, bapak Handaya kuwi apane bapak Sawaldiyono?
a. kanca b. besane c. mitra dagang d. utusane

23. Gunemane wong tuwa marang anak kuwi lumrahe nggunakake basa….
a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus

24. Menapa ibu kagungan arta? Ukara kuwi nggunakake basa ….
a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus

25. Tembung nyuwun pirsa, basa ngokone….
a. ngomong b. kandha c. taken d. takon

26. Tembang asmaradana saben sapadane ana…..gatra
a. 5
b. 6
c. 7
d. 8

27. Guru wilangane tembang asmaradana….
a. 8, 8 , 8, 7, 7, 8, 8
b. 8, 7, 7, 8, 7, 8, 8
c. 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
d. 8, 8, 6, 8, 7, 8, 8

28. Watake tembang asmaradana yaiku….
a. susah b. seneng c. sereng (galak) d. kejem

 29. Purwakanthi lumaksita kuwi kang runtut….
a. tembunge b. aksarane c. swarane d. sastrane

30. Karsa merak lan mendhak yen arsa nyanak. Unen-unen kasebut klebu purwakanthi….
a. sastra b. swara c. basa d. lumaksita

31. Alhamdulillahi ribbil alamin wbihinastain ... (lan sateruse) lumrahe nggon sesorah kae
diarani…
a. Ukara pambuka
b. Isi sesorah
c. Ukara panutup
d. Ukara basa arab

32. Tembung “para hadirin wal hadirot” asale saka basa….
a. jawa asli b. kawi c. Arab d. Sansekerta

33. Para hadirin wal hadirot, basa jawane sing pas…
a. para tamu kakung miwah putri
b. para sedherek sedaya
c. para rawuh kakung miwah putri
d. para bapak lan ibu.

34. Adigang adigung adiguna kuwi tegese….
a. wong sing mbeling
b. wong sing ngendel-ngendelake lan dumeh
c. wong sing kemaki
d. wong sing ora sopan.

35. Emban cindhe emban siladan tegese…
a. a.mbedak- mbedakake
b. ngopeni anak
c. ndhidik anak
d. padha kabeh

36. Lambe satumang kari samerang, tegese….
a. lambene lara
b.ngandhani karo jengkel
c. ngandhani terus
d. dikadhani

37. Tembang macapat Sinom saben sapadane ana…gatra
a. 6              b. 7                  c. 8                  d. 9

38. Guru wilangan tegese
a. cacahing wanda              c. dhong-dhinging swara
b. cacahing gatra                 d. jumlah baris

39. Guru lagu tegese….
a. cacahing wanda              c. dhong-dhinging swara
b. cacahing gatra                 d. jumlah baris

40. Geguritan kuwi kudu nganggo waton....
a. cacahing wanda              c. dhong-dhinging swara
b. cacahing gatra                 d. a,b,c salah kabeh

41. Sesorah atur pambagyaharja ing pasamuan sepekenan bayi. Sepeken tegese ....

a. 5 dina      b. 30 dina        c. 35 dina        d. 40 dina

42. Sing kagungan damel sepekenan bayi yaiku ....
a. Pak Bratdarmaja             c. Sutresna
b. Pak Eka Aji Nugraha      d. Para Sesepuh

43. Ingkang selajengipun mbokmenawi anggenipun anampi karawuhan panjenengan sedaya
kirang tata, kirang trapsila, saha kirang bojakrami. Sing ora katindakake ing pambangyaharja yaiku....
a. lantip ulah basa               c. andhap asor
b. ngurmati                                     d. gumedhe

44. Nusakambangan kalebu wewengkon kabupaten ....
a. Pekalongan                     c. Banjar negara
 b. Cilacap                           d. Brebes

45. Wacan tulisan jawa ing ngarep irah-irahane....
a. Ajunung Dhiri Ana ing Lathi
b. Kegedhen Empyak Kurang Cagak
c. Tut Wuri Handayani
d. Binneka Tunggal Ika

46. Wacan tulisan jawa ing ngarep migunakake aksara swara ....

 a. c.

 b. d.

47. Ngripta tembang macapat sing bener yaiku ..., kajaba....
a. kudu migunakake basa sing muluk-muluk
b. isine babagan pasinaon
c. migunake guru lagu, guru gatra lan guru wilangan
d. saben sagatra gunggunge ora luwih saka 10 wilangan

48. Tembang pocung ana ... gatra.
a. 3                                      c. 5
b. 4                                      d. 6

49. Watake tembang pocung yaiku ... kajaba
a. kendho                            c. sereng
b. sakepenake                     d. sembrana

50. Sing ora kalebu aksara swara yaiku ....

 a. c.

 b. d.

51. Wujud aksara rekan ana ....
 a. 5                         c. 7
 b. 6                         d. 8

52. Sing ora kalebu aksara rekan yaiku ....
a. c.
b. d.

53. Mula bukane Kutha Semarang kalebu ....
a. sage                     c. legenda
b. mithe                   d. fabel

54. Pangetan dinten kamardikan Negari Republik Indonesia.
Tegese tembung pengetan yaiku ....
a. pahargyan           c. nguri-uri
b. nglestarekake      d. ngrembakakake

55. Kula kinten cekap semanten atur kula ....
Sempalan ukara kasebut kalebu perangane tanggap wacana ....
a. pambuka                  c. panutup
b. isi                             d. pangajeng-ajeng

56. Pratelan iki sing ora trep tumrap kota Semarang yaiku ....
a. sisih kidul pegunungan hawane adhem
b. sisih wetan papane cendhek hawane panas
c. sisih lor pesisir hawane panas
d. sisih kulon papane dhuwur hawane adhem

57. Abdi ing crita Oleh Piwalis duwe watak ....
a. sregep                  c. anteng
b. kesed                  d. bodho

58. Wondene bendarane duwe watak ....
a. julig                                 c. wicaksana
b. srei                                  d. angkara murka

59. Apa sebabe abdi ora diparingi cadhong?
a. Abdine ora gelem nedha.
b. Abdi ngalah marung bendarane.
c. Yen mangsa mengkono luwe maneh.
d. Minangka ajaran marang abdine.

60. Cerita iki sing ora kalebu legenda yaiku ....
a. crita kota Banyuwangi
b. crita Bethara Kala
c. crita Mula Bukane kota Semarang
d. crita Karangbolong

0 komentar: